Sabtu, 02 November 2013

Sesorah Pasrah Lamaran


Sesorah Pasrah Manten

Assalamu’alaikum Wr. Wb
Alhamdulillahirobbil’alamin, wabihi nasta’inu wa ‘aala umuuriddunya waddin,wassholatu wassalamu ‘ala ashrofil anbiyai walmursalin, sayyidina wamaulana Muhammadin. Amma ba’du.
Ingkang kawula hormati paraalimulama, parasespuh, pinisipuh, wabilkhususdumatengshohibbul bait bapakBambang.
Ingkang kawula hormati ugi keluarga bapak Arifin serombongan.
Hadirin wal hadiroh ingkang kawula hormati.
Pertami-tami monggo kito sareng-sareng manjataken puji syukur kehadirat Allah SWT, ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan dumateng  kito sedoyo,  saenggo kito sedoyo saged kempal teng dalemipun bapak Bambang kanthi mboten wonten alangan setunggal punapa.
Sholawat soho salam mugio konjuk dhumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, Nabi akhiruzzaman , lan mugi-mugi kito angsal syafangatipun beliau mbenjang ing dinten kiamat. Amin Yaa Robbal ‘Alamin.
Lngsung mawon, Kulo teng mriki dados utusan saking bapak Arifin, maksud rawuhipunkulolan rombongan teng mriki, pertami inggih puniko silturohim, selajengipunbermaksud nyatukaken keluarginipun bapak Bambang, kalihan keluarginipun bapak Arifin.Dados ing dinten niki, kulolanrombongan ajeng nglamaraken putra kawula, ingkang naminipun Zain kalihan putribapakingkangnaminipunMaya. Kito serombongansampunmbektocincin, ingkangcincinpunika ajengdipunparingaken kangge putri bapak, lancincin punika dados pertanda raos tresnanipun Zain dumateng adinda Maya. Ageng harapan kulo supados lamaran niki saged dipun tampi lan saged langgeng dumugi pelaminan. Amin Yaa Robbal ‘Alamin.Mbotenkesupenkawulangucapaken maturnuwun dumateng bapak Bambang ingkang sampun nyambut lan nyiapaken tempat kangge kito serombongan.
Saking kawulo cekap semanten, monggo acara dipun lajengaken, mbok bilih wonten ucapan kawulo ingkang kirang pas ing penggalih, kulo nyuwun agengipun pangampunten. Billahi taufiq wal hidayah, warridho wal ‘inayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar