Sabtu, 02 November 2013

Sesorah Pasrah Lamaran


Sesorah Pasrah Manten

Assalamu’alaikum Wr. Wb
Alhamdulillahirobbil’alamin, wabihi nasta’inu wa ‘aala umuuriddunya waddin,wassholatu wassalamu ‘ala ashrofil anbiyai walmursalin, sayyidina wamaulana Muhammadin. Amma ba’du.
Ingkang kawula hormati paraalimulama, parasespuh, pinisipuh, wabilkhususdumatengshohibbul bait bapakBambang.
Ingkang kawula hormati ugi keluarga bapak Arifin serombongan.
Hadirin wal hadiroh ingkang kawula hormati.
Pertami-tami monggo kito sareng-sareng manjataken puji syukur kehadirat Allah SWT, ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan dumateng  kito sedoyo,  saenggo kito sedoyo saged kempal teng dalemipun bapak Bambang kanthi mboten wonten alangan setunggal punapa.
Sholawat soho salam mugio konjuk dhumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, Nabi akhiruzzaman , lan mugi-mugi kito angsal syafangatipun beliau mbenjang ing dinten kiamat. Amin Yaa Robbal ‘Alamin.
Lngsung mawon, Kulo teng mriki dados utusan saking bapak Arifin, maksud rawuhipunkulolan rombongan teng mriki, pertami inggih puniko silturohim, selajengipunbermaksud nyatukaken keluarginipun bapak Bambang, kalihan keluarginipun bapak Arifin.Dados ing dinten niki, kulolanrombongan ajeng nglamaraken putra kawula, ingkang naminipun Zain kalihan putribapakingkangnaminipunMaya. Kito serombongansampunmbektocincin, ingkangcincinpunika ajengdipunparingaken kangge putri bapak, lancincin punika dados pertanda raos tresnanipun Zain dumateng adinda Maya. Ageng harapan kulo supados lamaran niki saged dipun tampi lan saged langgeng dumugi pelaminan. Amin Yaa Robbal ‘Alamin.Mbotenkesupenkawulangucapaken maturnuwun dumateng bapak Bambang ingkang sampun nyambut lan nyiapaken tempat kangge kito serombongan.
Saking kawulo cekap semanten, monggo acara dipun lajengaken, mbok bilih wonten ucapan kawulo ingkang kirang pas ing penggalih, kulo nyuwun agengipun pangampunten. Billahi taufiq wal hidayah, warridho wal ‘inayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Pidato Bahasa Jawa Ing Dalem Acara Ngengeti Isro’ lan Mi’roj

Rofik Andi Hidayat NIM. 1123305030 Tarbiyah/5/PGMI-A Pidato Ing Dalem Acara Ngengeti Isro’ lan Mi’roj Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. Alhamdulillahilladzi adzhaba ‘annal hazan, inna robbanaa laghofuurun syakur, alladzi aujaba ‘alaina bi fi’lil ma’mur watarkil mahdlur. Asyhadu an laailaha illalloh, wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warosuluhu shollallohu ‘alaihi wassalam, wa’ala alihi wa ash-habihi amma ba’du. Bapak saha Ibu ingkang kula hurmati! Wonten ingkang wekdal ingkang cerah niki monggo kula lan panjenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumatheng ngersanipun Allah SWT ingkang sampun maringi nikmat lan hidayahipun sehinggo kito sedoyo saged makempal ing majlis ingkang penuh barokah niki kanthi keadaan sehat mboten wonten alangan setunggalipun punopo. Shalawat lan salam mugi-mugi tetep dipun paringaken kangge Nabi Muhammmad SAW, keluarganipun, poro sahabatipun lan ugi para kaum muslimin muslimat ingkang purun ngamalaken ajaran Islam kanthi leres. Lan mugi-mugi kito sedoyo dados umat beliau ingkang purun ngamalaken ajaran Islam kanthi estu lan leres, sehinggo ing dinten kiamat mengkin kito sedoyo angsal syafa’atipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Amiin Ya Robbal “Alamiin. Bapak saha Ibu ingkang kula hurmati! Kulo lan panjenengan sedoyo sumerep mbok bilih wulan niki ngerupekaken wulan Rojab. Wonten wulan Rojab niki kula lan panjenengan sedoyo dipun engetakan dening peristiwa ingkang dipun alami kaliyan Nabi Muhammad SAW, inggih punika peristiwa Isro’ Mi’roj. Kedah kito sumerepi, peristiwa Isro’ Mi’roj niku kedadosanipun tanggal pinten poro sedulur?? Kedadosanipun Isro’ Mi’roj niku tanggal 27 Rojab, sak sampunipun beliau ngalami cobaan lan ujian kathah sanget saking golongan kafir Quraisy. Ing peristiwa Isro’ Mi’roj niku Nabi Muhammad SAW dipun tindakaken dening malaikat mulai saking Masjidil Haram (Mekkah) ngantos dumugi Masjidil Aqsho (Palestina), selajengipun Nabi Muhammad SAW dipun unggahaken dumugi langit sap 7 ngantos dumugi Shidhrotul Muntaha. Nopo niku Sidhrotul Muntaha?? Shidrotul Muntaha punika panggenan wonten ing nginggile langit sap 7. Ing langit sap 7 niku wonten lautan, ing nginggile malih wonten Arsy utawi singgasananipun Gusti Allah ingkang dipikul dening 8 malaikat ingkang kuat sedoyo. Lha, teng mrikulah Shidrotul Muntaha. Sedoyo catetan qodar manusia lan makhlukipun Allah SWT sampun tertulis teng mriku. Bapak saha Ibu ingkang kula hurmati! Peristiwa Isro’ Mi’roj niku sampun dipun jelasaken wonten ing Al-Qur’an, inggih punika Allah SWT dhawuh wonten ing Surat Al-Israa’ ayat 1:                        Ingkang artosipun: “Moho Suci Allah Dzat kang nindakaken kawulone ono ing wektu bengi mulai saking Masjidil Haram dumugi Masjidil Aqsho kang ingsun barokahi kiwo tengene supoyo ingsun meruhake sebagian tanda kekuasaan ingsun. Sak temene Allah moho midhanget lan moho waspodo.” (Q.S. Al-Israa’ : 1) Bapak saha Ibu ingkang kula hurmati! Peristiwa Isro’ Mi’roj niku ngerupekaken salah setunggalin mukjizat ingkang dipun paringaken dening Allah SWT dumatheng Nabi Muhammad SAW supoyo Nabi soho umatipun dipun wajibaken kangge nindakaken sholat gangsal wekdal. Monggo wontenipun pengetan Isro’ Mi’roj saat punika kito sambut kanthi niat ningkataken amal ibadah amal ibadah ingkang dados intinipun peristiwa Isro’ Mi’roj, inggih punika ibadah sholat gangsal wekdal. Monggo ibadah sholat puniko kito laksanakaken kanthi sak estu supados kula lan panjenengan sedoyo terjaga saking sifat keji lan mungkar. Mekaten pentingipun sholat. Wonten agami Islam, sholat dipun umpamakaken minangka dados cagak, keranten sanget pentingipun sholat. Ampun ngantos kito sedoyo ngremehaken utawi mendhe-mendhe sholat, supados gesang kula lan panjenengan sedoyo dipun barokahi dening Allah SWT. Amiin. Cekap sementen ingkang saged kula aturaken dening panjenengan sedoyo. Mbok bilih wonten klentha-klenthunipun anggen kula matur, kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Alhamdulillahi jaza kumullohu khoiro. Akhiru qouli hadza, Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.