Sesorah Pasrah Manten
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Alhamdulillahirobbil’alamin, wabihi nasta’inu wa ‘aala umuuriddunya
waddin,wassholatu wassalamu ‘ala ashrofil anbiyai walmursalin, sayyidina
wamaulana Muhammadin. Amma ba’du.
Ingkang kawula hormati paraalimulama, parasespuh, pinisipuh, wabilkhususdumatengshohibbul bait bapakBambang.
Ingkang kawula hormati ugi keluarga bapak Arifin serombongan.
Hadirin
wal hadiroh ingkang kawula hormati.
Pertami-tami monggo kito sareng-sareng manjataken puji syukur
kehadirat Allah SWT, ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan
dumateng kito sedoyo, saenggo kito sedoyo saged kempal teng
dalemipun bapak Bambang kanthi mboten wonten alangan setunggal punapa.
Sholawat soho salam mugio konjuk dhumateng junjungan kito Nabi
Agung Muhammad SAW, Nabi akhiruzzaman , lan mugi-mugi kito angsal syafangatipun
beliau mbenjang ing dinten kiamat. Amin Yaa Robbal ‘Alamin.
Lngsung mawon, Kulo teng mriki dados utusan saking bapak Arifin,
maksud rawuhipunkulolan rombongan teng mriki, pertami inggih puniko silturohim,
selajengipunbermaksud nyatukaken keluarginipun bapak Bambang, kalihan
keluarginipun bapak Arifin.Dados ing dinten niki, kulolanrombongan ajeng nglamaraken putra kawula, ingkang naminipun Zain
kalihan
putribapakingkangnaminipunMaya. Kito serombongansampunmbektocincin, ingkangcincinpunika ajengdipunparingaken
kangge putri bapak, lancincin punika
dados pertanda raos tresnanipun Zain
dumateng adinda Maya. Ageng harapan kulo supados lamaran niki saged dipun tampi lan
saged langgeng dumugi pelaminan. Amin Yaa Robbal ‘Alamin.Mbotenkesupenkawulangucapaken maturnuwun dumateng bapak Bambang ingkang sampun nyambut
lan nyiapaken tempat kangge kito serombongan.
Saking kawulo cekap semanten, monggo acara dipun lajengaken, mbok
bilih wonten ucapan kawulo ingkang kirang pas ing penggalih, kulo nyuwun
agengipun pangampunten. Billahi taufiq wal hidayah, warridho wal ‘inayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar